BEJI – MIN 1 Pasuruan, mlebu Minggu kapindo ing semester 2 taun piwulangan 2025/2026. Jum'at (09/01/2026), swasana ing madrasah katingal regeng lan kebak semangat. Kangge miwiti pasinaon ing taun anyar iki, para murid langsung dipunajak nindakake pembiasaan Jum’at Legi (Legian) sing pancen wis dadi tradisi becik ing kene.
Kagiyatan dipunwiwiti kanthi nindakake sholat Dhuha jamaah sing dipunimami dening Bapak Mujibaturrohman. Sawise rampung sholat, swasana tambah khidmat nalika kabeh warga madrasah maos Istighotsah sing dipunpandhegani dening Bapak Jinan (Waka Humas).
Minangka pungkasaning adicara, ana waosan Tahlil lan donga sing dipunpimpin langsung dening Kepala Madrasah Bapak Abdul Qadir. Perlu kawuningan bilih Bapak Abdul Qadir wektu iki ugi njabat dadi Ketua MWCNU (Majelis Wakil Cabang Nahdlatul Ulama') ono Kecamatan Prigen. Mula mboten nggumunake yen panjenengane banget nggatekake lan peduli marang kagiyatan agami kaya ngene iki.
Kagiyatan Jum’at Legian iki wis suwe dipunlampahi ing madrasah. Ancasipun (tujuane) yaiku:
- Supaya murid bisa nuwuhake karakter tresna marang Allah lan Rasul.
- Nandurake nilai-nilai kaimanan ing njero ati.
- Kagiyatan iki ugi selaras karo program pemerintah sing anyar, yaiku KBC (Kurikulum Berbasis Cinta).
Kagiyatan iki dipunrawuhi kanthi kompak dening Murid: Udakara 880 saka kelas 1 nganti kelas 6 kumpul dadi siji kanthi tertib. Para Ustadz lan Ustadzah Utawa wali kelas lan guru mapel, kabeh melu ndampingi lan nyengkuyung kagiyatan iki kanthi tulus.
Kanthi anane kagiyatan iki, muga-muga para murid mboten mung pinter ing babagan pelajaran sekolah wae, nanging uga nggadhahi akhlak sing mulya lan rasa tresna sing jero marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Fz
.jpg)










