Pasuruan - Dinten Selasa, tanggal 16 September 2025, Lembaga Pendidikan Ma'arif NU Kabupaten Pasuruan nggelaraken Lomba Olimpiade MIPAS (Matematika, IPA, Aswaja) kangge mengeti Hari Lahir Lembaga Pendidikan Ma'arif NU ingkang kaping 96. Acara punika dipunlampahi ing sedaya jenjang pendidikan, saking SD/MI, SMP/MTS, SMA/MA/SMK, dumugi Madrasah Diniyah.
MIN 1 Pasuruan, kanthi arahan saking Bapak Abdul Qodir, S.Pd.I., M.Pd., ngutus 6 murid (gangsal kakung lan setunggal putri) saking kelas 5 lan 6. Sanadyan persiapane kadosipun mendadak lan wektune namung cekak sanget, awit tanggal 10 September kepungkur MIN 1 Pasuruan nembe mawon ndherek lomba OMI (Olimpiade Madrasah Indonesia). Murid-murid namung gadhah wekdal tigang dinten kangge sinau lan gladhen kanthi kisi-kisi soal tigang mata pelajaran sekaligus.
Bapak Abdul Qodir, ingkang ugi dados Ketua MWC NU Kecamatan Prigen, mesthekaken bilih MIN 1 Pasuruan saged ndherek ing acara punika. Kanthi tekad lan semangat, tim MIN 1 Pasuruan saged ngasilaken prestasi ingkang luar biasa. Sanadyan MIN 1 Pasuruan sanes madrasah ibtidaiyah Nahdlatul Ulama ingkang gadhah mata pelajaran ke-NU-an utawi Aswaja, sejatosipun madrasah punika dipundegaken dening ulama-ulama ageng ahlussunnah wal jamaah. Saking pakulinan lan kegiyatan saben dintenipun, sampun nggambaraken bilih madrasah punika gadhah haluan ahlussunnah wal jamaah. Lan didukung saking sumangat kepala madrasah olehe noto tim ingkang ajeg langkung trep, kagem nuntun lan bina muride. Kanthi strategi lan kerja tim ingkang sae, saged hasil mbekta wangsul tigang piala.
Prestasi ingkang dipunraih inggih menika: Juara 2, Harapan 1, Harapan 3 se Kabupaten Raya.
Saking telung piala kasebut, prestasi ingkang paling istimewa inggih menika nilai Aswaja ingkang paling inggil sak Kabupaten Pasuruan.
Prestasine murid-murid inggih menika:
- Muhammad Evan Pratama
- Al Ramdan Bumi Ahmad Setiawan
- Muhammad Akbar Nur Daffa
Prestasi punika dados bukti bilih kanthi kerja keras lan semangat ingkang ageng, saged ngasilaken asil ingkang sae.
Kanthi menika, sedaya tiyang kraos bingah lan bangga. Sedaya usaha punika ugi mboten uwal saking kekirangan ingkang kedah enggal-enggal dipunbenahaken supados saged pikantuk asil ingkang paling sae.
Prestasi menika dipunraih nalika mengeti dinten Lahiripun LP Ma'arif NU ingkang kaping 96, kanthi tema "Bersinergi, Manfaati, Mbarokahi".
MIN 1 Pasuruan, madrasah ingkang nggadhahi logo "Madrasah Penuh Cinta" lan ngajengaken sifat-sifat Kreatif, Inovatif, Berkarakter, Agamis, sampun mbuktikaken bilih kanthi tekad lan kerja keras, prestasi ingkang ageng saged dipunraih.
Mugi-mugi taun ngajeng, prestasi MIN 1 Pasuruan saged langkung sae malih. Fz



No comments:
Post a Comment